Minggu, 03 Oktober 2010

Tugas Bahasa Jawa Riyoyo Kaliyan Sederek

      Siam sampun rampung wonten Kamis. Kamis sonten kula sholat magrib lan isya jemaah. Sasampun meniko kula lan kaluwarga mersani ta'biran dateng alun-alun Juwana. Sasampun mersani ta'biran kula ngaso.
      Injingipun kula sholat Idul Fitri dateng masjid kaliyan kaluwarga lan tanggi-tanggi. Sasampun sholat kula lan adik kula sungkem kaliyan bapak ibu lan kaluwarga. Sasampun meniko kula kempal kaliyan sederek dateng griyanipun simbah, kula lan sederek banjur nedha. Sadurunge kula mantuk kula lan sederek diparingi wisit.
      Sasampun saking griyanipun simbah. Kula budhal nyekar dateng sarean. Sasampun nyekar kula mantuk lan adus. Injingipun dalem kula rame banget wonten bocah-bocah pada silaturahmi. Sabtu sonten kula kaliyan kaluwarga lan tanggi-tanggi pada silaturahmi. Dinten Sabtu niku nyenengke.
      Ing dinten Senin kula lan kanca-kanca silaturahmi dateng guru-guru SD. Riyoyo taun kaleh doso sedoso niki rame lan nyenengke.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar